ASU
aku asu neng jeron awakmu,
awak ingkang ngudi hawa nepsu
lelana murih bandha,
nuruti syahwat kang ora rinawat kanti waspadha
aku asu neng jeron awakmu,
ngudi katresnan mring kadonyan
ngajak ala mring kekancan,
tansah bungah ambubrah tatanan kang wus katitah
padhang dadi ilang,
ninggal penteng gemrengengeng,
tan ana dalan kang sinawang,
...amung kuciwa
awak ingkang ngudi hawa nepsu
lelana murih bandha,
nuruti syahwat kang ora rinawat kanti waspadha
aku asu neng jeron awakmu,
ngudi katresnan mring kadonyan
ngajak ala mring kekancan,
tansah bungah ambubrah tatanan kang wus katitah
padhang dadi ilang,
ninggal penteng gemrengengeng,
tan ana dalan kang sinawang,
...amung kuciwa
Comments
Post a Comment